SMA N 1 Lasem Minangka SMA Budaya
Akeh banget
tembung utawa tetembungan sing bisa digandhengake karo tembung Jawa.
Tembung wong digandhengake karo tembung Jawa dadi wong Jawa, tembung manungsa digandhengake karo tembeng Jawa dadi manungsa Jawa, tembung kulawarga dadi kulawarga Jawa, tembung budaya dadi budaya Jawa, tembung jagad dadi jagad Jawa. Istilah jagad Jawa pancen cedhak karo istilah budaya Jawa. ana síng ngarani lan nggerba menawa jagad Jawa kuwi mengku budaya Jawa. Jagad Jawa luwih jembar tebane tinimbang budaya Jawa. Bab budaya mligine budaya Jawa uga jembar tebane. Kabudayan Jawa ora bisa pisah karo wong Jawa, sing ana ing pulo Jawa wiwit saka dumadine tekan jaman saiki.
Tembung wong digandhengake karo tembung Jawa dadi wong Jawa, tembung manungsa digandhengake karo tembeng Jawa dadi manungsa Jawa, tembung kulawarga dadi kulawarga Jawa, tembung budaya dadi budaya Jawa, tembung jagad dadi jagad Jawa. Istilah jagad Jawa pancen cedhak karo istilah budaya Jawa. ana síng ngarani lan nggerba menawa jagad Jawa kuwi mengku budaya Jawa. Jagad Jawa luwih jembar tebane tinimbang budaya Jawa. Bab budaya mligine budaya Jawa uga jembar tebane. Kabudayan Jawa ora bisa pisah karo wong Jawa, sing ana ing pulo Jawa wiwit saka dumadine tekan jaman saiki.
Kabudayan
universal cacahe ana pitu yakuwi babagan: basa, sistem teknologi, sistem
panguripan utawa ekonomi, organisasi sosial, sistem pengetahuan, religi lan
kesenian. Wewaton bab-bab iku tinemu menawa kabudayan Jawa iku isine,
wujude, perangane, siji lan sijine ora padha, tinemu
rupa-rupa lan maneka warna sing jumbuh karo “sub kultur”-e utawa wilayahe.
Ana ing
babagan iki arep ngrembug kabudayan jawa babagan seni. Seni lan budaya manungsa
Jawa nduweni perangan seni cacahe akeh banget, nglimputi seni swara:
karawitan, gamelan, gerongan, gendhing, lelagon, sendhon lelangen swara,
suluk, tembang, macapat, musik lan instrumen Jawa liyane. Ana ing babagan
tari ana tari bedaya, srimpi, beksan, lenggot bawa, gambyong, wayang wong,
bambangan cakil, wireng lan tari pethilan, kethoprak, srandhul, ludruk lan
liya-liyane.
Cecangkriman
babagan seni swara lan seni tari, SMA N 1 Lasem migunakaken seni swara lan tari
dados seni ungggulan. Kayata seni karawitan, seni tari, lan seni wayang wong.
Katelu seni mau mboten sanes ditangani bapak karnoto ingkang bimbing ing
pawiyatan punika. Beliau seniman jawa. Ing SMA N 1 Lasem, seni karawitan dados
mulok sekolah wonten pawiyatan seni budaya. Namung ora kabeh kelas X, XI, lan
XII mulokipun seni budaya arupi seni karawitan. Seni karawitan mung ana ing
kelas X. Dene kelas XI lan XII pawiyatan seni budaya arupi seni rupa.
Bocah-bocah dipunwarai gegayutan karawitan kanthi trep. Ana kang kebagian
nuthuk saron, boning, gendhang, gong, uga sinden saka bocah SMA dewe. Seni
karawitan ora mung sawates dadi mulok sekolah, nanging dibentuk tim karawitan
SMA N 1 Lasem, saengga pas ana even sayembara
utawa lomba babagan seni karawitan bisa berpartisipasi.
Saliyane
seni karawitan, SMA N 1 Lasem uga nduweni seni kang akeh peminate ana ing
lingkup sekolah, inggih punika seni wayang wong. Wayang wong inggih punika seni
budaya jawa kang nyariosaken cerita-cerita wayang kang diperagakake wong kanthi
kairingi gendhing-gendhing jawa. Wayang wong ana ing SMA N 1 Lasem dados
ekstrakurikuler ingkang ditangani bapak Karnoto. Wis akeh pagelaran-pagelaran
wayang wong kang dipartisipasini SMA N 1 Lasem. Wayang wong SMA N 1 Lasem uga
sering majeng ana ing acara-acara sekolah, kayata ana ing Bakti Sosial, HUT SMA
N 1 Lasem, lan Wisuda Purnawiyata SMA N 1 Lasem. Ora mung ana lingkup sekolah,
tim wayang wong SMA N 1 Lasem sampun tekan pagelaran tingkat kabupaten lan
provinsi. Tim wayang wong uga mangkat ana ing kutha Semarang melu sayembara
wayang wong dados juara 6 lan ingkah pagelaran pungkasan kang diikuti SMA N 1
Lasem ana ing taun 2013 inggih punika diundang ana Festival Budaya Jawa ing
Semarang supados majeng nampilaken seni wayang wong punika. Punika dados
sakedhik kebingahan lan kebanggaan marang tim wayang wong SMA N 1 Lasem.
Seni
budaya kang pungkasan dirembug ana ing artikel punika inggih punika seni tari.
Seni tari punika uga dibimbing kaliyan bapak Karnoto. Seni tari dados
ekstrakurikuler ana SMA N 1 Lasem. Mboten kalah kaliyan karawitan lan wayang
wong, seni tari uga kathah peminate saking bocah. Mulai saking kelas X-XII bisa
melu ekstra seni tari, nanging kelas XII wis ora aktif ana ing ekstra. Siswa
SMA N 1 Lasem dibimbing maneka warna tari, kayata tari gambyong, tari kidang
emas, tari merak lan sakliya-liyane. Tim tari uga sering tampil wonten
pagelaran-pagelaran kayata ing Bakti Sosial, HUT SMA N 1 Lasem, lan Wisuda
Purnawiyata SMA N 1 Lasem. Nanging tim tari SMA N 1 Lasem pernah tampil ana ing
sayembaya tari ing kabupaten Remabang. Bapak Karnoto milih tari Gambyong kang
ditampilake wonten ing sayembara lan asile mboten nguciwakaken dados juara 4.
Kathah
prestasi ingkang diraih SMA N 1 Lasem magepokan kaliyan seni jawa, yakuwi seni
karawitan, seni wayang wong, lan seni tari. Budaya Jawa bener-bener
dilestarikaken wonten ing SMA N 1 Lasem amargi seni budaya jawa kathah paedah
lan manfaate, kayata: nguripake bab rasa kaendahan, ngalusake tingkah laku lan
kapribadhen, nyurung kreasi lan apresiasi, bisa mujudake kahanan sing timbang
antarane intelektual (rasio) lan emosi. Durung paedah lan manfaat síng arupa
lelagon, hiburan, tuntunan lan tontonan sing ngresepake ati. Seni budaya
Jawa bisa nuwuhake rasa lan jiwa Jawa, jatidhiri, kapribadhen sing nduweni ciri
unik lan khas.
ana ing Jagad Jawa lan kabudayan Jawa digelar akehing babagan kang rupa-rupa lan maneka warna. Jagad Jawa ngemot ewoning bab ana ing jagade manungsa Jawa sing urip ana ing tlatah Jawa. Saengga SMA N 1 Lasem dados Sekolah Menengah Atas (SMA) Budaya.
ana ing Jagad Jawa lan kabudayan Jawa digelar akehing babagan kang rupa-rupa lan maneka warna. Jagad Jawa ngemot ewoning bab ana ing jagade manungsa Jawa sing urip ana ing tlatah Jawa. Saengga SMA N 1 Lasem dados Sekolah Menengah Atas (SMA) Budaya.
Kaanggit
dening,
Dwi
Wirastuti/XII IPA 1/08/SMA N 1 Lasem
0 komentar:
Posting Komentar